Minggu, 09 Oktober 2011

Carane Gawe Bathik


Bathik iku sawijining jati dirine bangsa. Wis misuwur ing sak donya bilih bathik kuwi ciri identitase Bangsa Indonesia. Bathik sing saiki wis dadi  busana kang dianggep resmi dening pemerintah. Kaya dene Bapak Presiden Susilo Bambang  Yudhoyono remen panganggon busana bathik. Apa meneh ing kantor-kantor pemerintah saben dino kemis, jemuah, lan setu mligine Kutho Sukoharjo, para pegawe pemerintah, guru sarta para siswa ora kesupen nyandhang busana bathik. Pancen, nalika nyandhang busana bathik, ora tuwa ora mudha dadi katon mriyaneni sarta edi peni. Apa meneh yen panganggone bathik di ditrepke karo warna kulite, dedege lan manut papan dununge sansaya nambah kawibawane sing nyandhang busana bathik. Luwih-luwih saiki saben tanggal 2 Oktober dipengeti dadi Hari Bathik Indonesia. Akeh banget adicara kang digelar kanggo ngregengake dina bathik. Malah-malah ing Kutha Solo ana acara Bathik Carnival sing saben metune bakal rame di tonton uwong, Ora gur wong asli Indonesia sing seneng, nanging bangsa manca ugo remen mirsani acara kasebut.
Trus, apa kabeh padha mangerteni, piye carane gawe bathik kuwi? Gawe bathik kuwi kudu mangerteni  pirang-pirang perkara,  kayadene:
  1. Ngelowong, yaiku nggambari kain ngganggo malam. Nggambari ateges gawe gambar ana ing kain kanthi gambar maneko warna. Ana sing bentuk kembang, godhong, kewan lan sak panunggalane sing menawa dipirsane kathon indah.
  2. Nembok, yaiku proses kang meh padha karo nglowong, bedhane nembok kanggo nahan werna.
  3. Wedalen/celupan, yaiku proses menehi werna biru kanthi nggunakake indigo kang ditrepake karo tinkatan werna sing dikarepake.
  4. Ngerok, yaiku ngilangi malam klowongan kanggo nyepaki werno soklat.
  5. Mbironi, yaiku proses kang dilakoni supoyo werna sing dikarepke tetep biru lan putih.
  6. Nyoga, yaiku proses wenehi werna soklat kain sing wis di mberoni. Banjur kain dicelup jroning bak banjur ditus nganti garing. proses iki dibolan-baleni kaping pirang-pirang nganti antuk werna sing paling apik di karepke. Suwene antarane rong minggu. nanging yen nganggo pewerna kimia, iso rampung sedino.
  7. Nglorod, yaiku proses ngresiki malem sing isih nemplek ing kain kanthi cara di masak jroning banyu umub lan di tambahi banyu tapioka encer, supaya malam ora nemplek maneh ing kain.
Mengkono kiro-kiro  gawe bathik. Perangan ing kaca iki kapethik saka surat kabar Solo Pos edisi Kemis Pahing, 6 Oktober 2011. Muga-muga bisa biyantu,...

0 komentar: